JAN kaya ora ngrungokna tangisane Kang Herman, Pak Satpol langsung nggeprakna biola maring tembok. Prakkkkk…..praaang, biolane remuk dadi lima, senare pedot kabeh. Wong sing neng ruangan Satpol PP pada meneng kabeh.
Kang Herman nangis ngguguk karo nuturi remukane biola. Jan remuk temenan. Iloken bisa didandani apa ora yah?
Matane Pak Satpol esih mecicil. Kang Herman ora wani madepi. Tangne terus nuturi pecahan biola. Gagange tugel dadi loro. Bokonge biola pecah, teripleke remuk, senare pada pedot.
” Mulane aja bandel, kueh rasakna, jajal arep nggolet duit karo apa maning. Mulane aja gemagus nglawan aparat….dasar wong ora mangan gendeng sekolahan ya kaya kue..” Pak Satpol oleh ngomong karo muncrat muncar idoeh.
“Terus niki pripun nasibe kulo pak,” Kang Herman ngedumel tapi raine ora wani ngadep.
” Lha ya urusane koe, ujare inyong embahmu apa. Nganah pada bubar, ngotori kantor kiye tok,” Pak Satpol karo nendangi bokonge gelandangan ,pemulung dan pengemis.
“Pak biasane kula nek ditangkep terus diwei rames. Kula dereng madang apak,” Yu Dakem, pemulung sing lagi mbopong bocah umur setahun mereki Pak Satpol.
” Kyeh panganen nganti entong ya kena,” Pak Satpol sing nganggo topi abang njejelna kertas ning cangkeme Yu Dakem. Yu Dakem kejengkang, anake ucul sekang gendongane. Anake tiba, nangis nggauk nggauk.
Kang Herman nggendong bocah cilik sing tiba nganti ndase mlenong kue. Untunge nangise ora sue, sebab Kang Herman terus ngeyun eyun karo ditembangi bapak pucung.
Kang Herman karo gelandangan liane lunga sekang Kantor Satpol PP. Wetenge kemriyik kencoten. Arep ngamen wis ora due alate. Biolane babar blas ora bisa dienggo. Kang Herman mandeg ning arep warteg. Weruh wong pada mangan katon enak temen. Gulune clegak cleguk ora karuan.
” Jan wis ngadeg sejam ning kene ora ana wong nawani madang,” ujar ning atine Kang Herman. Malahan ana wong sing ujug ujug ngusir Kang Herman. ” Pak tolong jangan disini, bau,” bocah nom sing nganggo jaket ireng mbentak Kang Herman.
Kang Herman terus lunga nyusuri trotoar. Sandal jepite sing selenan kue sijine wis bolong . Mulane lagi ganu murug paku nganti getieh mancur mancur.
Kang Herman lagi mikir priwe carane supaya biolane bisa disambung disambung maning. Njagong neng arep toko musik, wetenge Kang Herman tambah kemriyik. Biasane lagu kroncong monine sekang biola kesayangane kue. Tapi siki malah krungne sekang weteng. Kang Herman meh semaput. Bumine krasa peteng…(ana sambungane)
0 komentar:
Posting Komentar